Kamis, 16 Juli 2020

Pertemuan ke-2 (Kelas 11) Serat wedhatama Pupuh Pocung

Serat Wedhatama kaanggit dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (K.G.P.A.A) Mangkunegara IV ing Pura Mangkunegara Surakarta.Piyambake kang jumeneng minangka Pangageng Pura Mangkunegara kang kawentar minangka Pujangga Agung ing Surakarta.

Serat Wedhatama isine wedha (panuntun) marang kautaman.Kautaman ing serat kasebut dibabar lumantar satus pada kang kagelung dadi limang pupuh. Dene pupuh lan pada kasebut kaya ing ngisor iki :

 1.       Pupuh Pangkur                 :  14 pada

2.       Pupuh Sinom                     :  18 pada

3.       Pupuh Pocung                   :  15 pada

4.       Pupuh Gambuh                :  35 pada

5.       Pupuh Kinanthi                :  18 pada


Saiki semaken tembang Pocung kang ditembangake dening Bapak utawa ibu gurumu! Sabanjure tembangna bebarengan karo kanca kancamu sakelas! 

Tuladha tembang Pocung ing serat Wedhatama : 


Pocung 

Pada III

Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun Semune ngaksama
Sasamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martotama

Pada IV
Taman limut durgameng tyas kang weh limput Kerem ing karamat
Karana karoban ing sih
Sihing sukma ngrebda sahardi gengira Pada V
Yeku patut tinulad-tulad tinurut Sapitudhira
Aja kaya jaman mangkin
Keh pra mudha mudhi dhiri rapal makna

Pada VI
Durung pecus kesusu keselak besus Amaknani rapal
Kaya sayid weton mesir
Pendhak pendhak angendhak gunaning jalma

Pada VII
Kang kadyeku kalebu wong ngaku-ngaku Akale alangka
Elok jawane den mohi
Paksa ngangkah langkah met kawruh ing mekah 

Pada VIII
Nora weruh rosing rasa kang rinuruh Lumeketing angga
Anggere pada marsudi
Kana kene kaanane nora beda

 

Semaken tembang pocung ing dhuwur mau,sabanjure ayo digoleki guru gatra,guru  wilangan lan guru lagune.kanggo pangeling eling guru gatra yaiku cacahing gatra saben sapada.guru wilangann yaiku cacahing wanda saben sagatra.lan guru lagu yaiku tibaning swara ig pungkasan gatra.Dene watake tembang pocung yaiku duwe surasa sakepenake ,sembrana parikena.gunane tembang pocung kanggo sembranan,cangkriman lan nyenengake ananging tembang pocung uga kerep di gunakake kanggo menehi piweling luhur kang becik.


PENUGASAN SEBAGAI PRESENSI

(Kelas 11) Serat wedhatama Pupuh Pocung



Previous Post
Next Post

0 komentar: