Senin, 28 September 2020

Kelas Percepatan (Teks Iklan Basa Jawa)

 TEKS IKLAN BASA JAWA

(PARIWARA)


A. Pangerten Pariwara/Iklan

        Pariwara inggih menika sawijining pesen babagan barang/jasa kang digawe dening produsen kang diandharake lumantar mediya (cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan umum kang
ditujokake marang bebrayan agung.

B. Titikan/ciri-ciri Pariwara/Iklan

  • Ukara cekak aos.
  • Basa prasaja, gampang ditampa lan dingerteni.
  • Tulisan lan gambare narik kawigaten.
C. Media Pariwara/Iklan
  • Pariwara Audio : Pariwara kang disampekake kanti nganggo swara tuladhane iklan radio.
  • Pariwara Visual : Pariwara kang disampekake nggango tulisan utawa gambar kang bisa diamati kanti mripat tuladhane baliho.
  • Pariwara Audio Visual : Pariwara kang disampekake nggango tulisan/gambar uga swara kang bisa di rungoake lan di deleng tuladhane iklan TV.
  • Pariwara Cetak : Pariwara kang disampekake kanthi teknik cetak.
D. Jenis Pariwara/Iklan
1. Pariwara adhedhasar Ancase/tujuane
Jenis pariwara iki kaperang dadi loro yaiku :
    a. Pariwara informatif
        yaiku pariwara kang duweni paugeran:
        1.) Duweni ancas mujudake kesadaran lan pangerten bab produk utawa kaluwihane                  saka produk kang wis ana.
        2.) Ngandharake tata cara panganggone
        3.) Menehi informasi rega lan kemasane produk
    b. Pariwara persuasif\
        yaiku pariwara kang duweni paugeran :
        1.) Duweni ancas nyiptakake kasenengan, ngajak, lan keyakinan saengga konsumen                   gelem tuku lan nggunakake produk.
        2.) Mengaruhi masyarakat milih sawijining merk tertamtu.
        3.) Mengaruhi masyarakat supaya nuku barang kang ditawakake.

2. Pariwara umum
Kang kalebu jenising pariwara iki ing antarane yaiku :
        a. Pariwara tanggung jawab sosial
            yaiku pariwara kang ancase kanggo nyebarake piweling kang sipate informatif supaya duweni                tanggung jawab marang perkara sosial.
        b. Pariwara bantahan
            yaiku pariwara kang digunakake kanggo mbantah utawa nglawan isu kang ngrugekake pihak-                pihak tertamtu. 

3. Pariwara khusus
Jenising pariwara khusus ing antarane yaiku :
    a. Pariwara cetak, yaiku pariwara kang digawe lan dipasang kanthi migunakake teknik cetak
    b. Pariwara elektronik, yaiku pariwara kang dipasang ing media elektronik kaya TV lan radio.
    c. Pariwara komersial, yaiku pariwara bisnis kang duweni ancas supaya entuk kauntungan ekonomi.
    d. Pariwara nonkomersial, yaiku pariwara kang digunakake kanggo ngandharake informasi lan                    dhidhik masyarakat. 

4. Pariwara kang nganggo dhasar sasaran
Jenising pariwara iki ing antarane yaiku :
    a. Pariwara lokal : pariwara masyarakat kang sasarane ing wilayah lokal, kaya padesan utawa                     kabupaten.
    b. Pariwara regional : pariwara kang sasarane luwih saka siji wilayah lokal.
    c. Pariwara nasional : pariwara kang target sasarane kabel wilayah saknegara.
    d. Pariwara internasional : pariwara kang target sasarane masyarakat antar negara.

E. Nulis Pariwara
Carane nggawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan ing ngisor iki yaiku:
a. Sing dituju kudu cetha, 
b. Sing ngirim kudu cetha, 
c. Barang utawa jasa sing ditawakake kudu cetha, 
d. Narik kawigaten sing maca, 
e. Nuwuhake rasa pengin tuku, 
f. Nuwuhake rasa pingin nduweni barang sing ditawakake, 
g. Bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake, 
h. Nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampar langsung dieling-eling.

Tuladha Pariwara:





Minggu, 06 September 2020

Pertemuan ke-4 Kelas 10 (Teks Deskripsi)

 

TEKS DESKRIPSI

 

                               Pangerten Teks Deskripsi

Deskripsi asale saka tembung tembung description (Bahasa inggris) sing maknane ngambarake nganggo basa. Karangan deskripsi yakuwe karangan utawa tulisan sing nduweni ancas (tujuan) ngambarana sawijining barang / objek kanthi jelas marang pamaca. Miturut kamus besar Bahasa Indonesia ( 2005 : 258) njelasna menawa deskripsi yakuwe andharan utawa nggambarna kanthi tembung – tembung kang jelas lan tarwaca.

        Deskripsi yakuwe andharan utawa nggambarna kanthi tembung – tembung sawijining barang, papan panggonan, swasana, lan kadadean. Ancas utawa tujuan kiye supaya kaya- kaya pamaca weruh bab kang dideleng, bisa krungu apa sing dirungu, bisa ngambu apa sing bisa diambu, bisa nyicipi sawijining panganan kang dipangan, bisa ngrasakna saengga pamaca nduweni dudutan utawa kesimpulan sing padha karo penulis.

Teks deskripsi iku tegese teks kanggo nyampaiake informasi anggo cara nggambarake katon jelas marang objek, panggonan, utawa kedadean.

Dadi definisi saka  Teks Deskripsi yaiku jinis karangan kang isine menehi gambaran kahanan apa wae saengga kang maca kaya kaya weruh, ngrungokake, lan ngrasakake apa kang dialami pengarang.

Ciri – ciri paragraf deskripsi:

a.     Menehi gegambaran sawijining barang panggonan lan swasana

b.     Gegambaran dilakokna kanthi migunakaken panca indra

c.      Ndhuweni ancas ( tujuan ) supaya pamaca kaya-kaya bisa melu ngrungokna, weruh lan ngrasakna  apa sing dedeskripsikna dening panulis

d.     Menehi penjelasan ngenani sawijining objek kang dideskripsikna, bisa awjud warna, ukuran sipat lan liya- liyane.

 

Jenis – jenis karangan deskripsi:

Jenis karangan deskripsi dibagi dadi loro yakuwe deskripsi ekspositori lan deskripsi Impresionatis.

1. Deskripsi Ekspositori

           Deskripsi ekspositori minangka karangan sing logis, biasane minangka daftar rincian utawa bab-bab penting sing disusun miturut sistem lan urut-urutan logis objek sing deteliti.


2. Deskripsi Impresioatis

          Karangan deskripsi impresionatis minangka karangan kang nggambarna impresi panulise utawa kanggo netralaken pamacane. Deskripsi impresionistis kiye lewug munjeraken marang impresi utawa pamireng bisa nrasakna dhewek utawa nglakokna observasi.

Urut-Urutan Nulis Deskripsi

·         Netepake objek kang bakal katulis

·         Nemtokake bates objek kajian

·         Observasi kanthi cermat lan tuntas

·         Gawe gambaran kanthi cetha

·         Gawe reng-rengan apa kang arep dikembangke

·         Milih ukara kang pener kanggo nggambarake objek kanthi trep

·         Naliti panulisan supaya dadi tulisan kang trep

 

Pertemuan ke 6 Kelas 11 (Teks Eksposisi)

 

KARANGAN TEKS EKSPOSISI


A. Pangerten Teks/Karangan Eksposisi

Karangan eksposisi yaiku karangan sing ngudharakake pikiran pokok ingkang njembarake wawasan utawa nambah informasi marang awake dewe.

Karangan eksposisi minangka karangan kang nduweni ancas kanggo menehi informasi karo babagan apa bae saengga miyarake panemune pamaos. Karangan eksposis nduweni sifat ngilmiah/non fiksi. Sumber karangan bisa pikoleh saka kasile pengamatan, panaliten, uga pengalaman. Paragraf ing eksposisi ora tansah kaperang ing bageyan-bageyan pambuka, pengembangan lan panutup. Bab minangka kuwi gumantung sekang sipating karangan lan ancas/tujuan kang bakal ginayuh.

Tujuan karagan eksposisi yaiku kanggo ngangsu kawruh utowo nambah ilmu, definisi, metode, lan sepadane.

Cara nulis karangan eksposisi, yaiku:

1.     nemtokake tema utowo uderan perkara sing arep ditulis

2.     nemtokake tujuan penulisan karangan eksposisi

3.     ngumpulke data saka maneka sumber

4.     nyusun kerangka karangan

5.     ngembangake kerangka nganti dadi karangan ingkang wituh


Bab kang diinformasekake ing karangan/wacana eksposisi bisa awujud:

·         Data faktual;

·         Sawijining analisis utawa penapsiran obektif marang saprangkat fakta;

·         Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.


Jenis-jenising karangan eksposisi yaiku:

·         eksposisi definisi

·         eksposisi klasifikasi

·         eksposisi ilustrasi

·         eksposisi perbandingan

·         eksposisi proses

·         eksposisi laporan

Topik-topik kang lumrah ditulis sajrone karangan eksposisi yaiku:

·         Teknologi

·         Seni lan Budaya

·         Sejarah

·         Hukum

·         Ekonomi

·         Lingkungan, lan liya liya

Ciri-ciri paragraf eksposisi, yaiku  :

1.     Ngemot ide utawa gagasan lan panemune panulis ngenani masalah tartamtu nanging tetep objektif.

2.     Nduweni ancas nambah pengetahuan pamaca tanpa nduweni teges mikut.