Minggu, 06 September 2020

Pertemuan ke 6 Kelas 11 (Teks Eksposisi)

 

KARANGAN TEKS EKSPOSISI


A. Pangerten Teks/Karangan Eksposisi

Karangan eksposisi yaiku karangan sing ngudharakake pikiran pokok ingkang njembarake wawasan utawa nambah informasi marang awake dewe.

Karangan eksposisi minangka karangan kang nduweni ancas kanggo menehi informasi karo babagan apa bae saengga miyarake panemune pamaos. Karangan eksposis nduweni sifat ngilmiah/non fiksi. Sumber karangan bisa pikoleh saka kasile pengamatan, panaliten, uga pengalaman. Paragraf ing eksposisi ora tansah kaperang ing bageyan-bageyan pambuka, pengembangan lan panutup. Bab minangka kuwi gumantung sekang sipating karangan lan ancas/tujuan kang bakal ginayuh.

Tujuan karagan eksposisi yaiku kanggo ngangsu kawruh utowo nambah ilmu, definisi, metode, lan sepadane.

Cara nulis karangan eksposisi, yaiku:

1.     nemtokake tema utowo uderan perkara sing arep ditulis

2.     nemtokake tujuan penulisan karangan eksposisi

3.     ngumpulke data saka maneka sumber

4.     nyusun kerangka karangan

5.     ngembangake kerangka nganti dadi karangan ingkang wituh


Bab kang diinformasekake ing karangan/wacana eksposisi bisa awujud:

·         Data faktual;

·         Sawijining analisis utawa penapsiran obektif marang saprangkat fakta;

·         Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.


Jenis-jenising karangan eksposisi yaiku:

·         eksposisi definisi

·         eksposisi klasifikasi

·         eksposisi ilustrasi

·         eksposisi perbandingan

·         eksposisi proses

·         eksposisi laporan

Topik-topik kang lumrah ditulis sajrone karangan eksposisi yaiku:

·         Teknologi

·         Seni lan Budaya

·         Sejarah

·         Hukum

·         Ekonomi

·         Lingkungan, lan liya liya

Ciri-ciri paragraf eksposisi, yaiku  :

1.     Ngemot ide utawa gagasan lan panemune panulis ngenani masalah tartamtu nanging tetep objektif.

2.     Nduweni ancas nambah pengetahuan pamaca tanpa nduweni teges mikut.

Previous Post
Next Post

0 komentar: