Senin, 28 September 2020

Kelas Percepatan (Teks Iklan Basa Jawa)

 TEKS IKLAN BASA JAWA

(PARIWARA)


A. Pangerten Pariwara/Iklan

        Pariwara inggih menika sawijining pesen babagan barang/jasa kang digawe dening produsen kang diandharake lumantar mediya (cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan umum kang
ditujokake marang bebrayan agung.

B. Titikan/ciri-ciri Pariwara/Iklan

  • Ukara cekak aos.
  • Basa prasaja, gampang ditampa lan dingerteni.
  • Tulisan lan gambare narik kawigaten.
C. Media Pariwara/Iklan
  • Pariwara Audio : Pariwara kang disampekake kanti nganggo swara tuladhane iklan radio.
  • Pariwara Visual : Pariwara kang disampekake nggango tulisan utawa gambar kang bisa diamati kanti mripat tuladhane baliho.
  • Pariwara Audio Visual : Pariwara kang disampekake nggango tulisan/gambar uga swara kang bisa di rungoake lan di deleng tuladhane iklan TV.
  • Pariwara Cetak : Pariwara kang disampekake kanthi teknik cetak.
D. Jenis Pariwara/Iklan
1. Pariwara adhedhasar Ancase/tujuane
Jenis pariwara iki kaperang dadi loro yaiku :
    a. Pariwara informatif
        yaiku pariwara kang duweni paugeran:
        1.) Duweni ancas mujudake kesadaran lan pangerten bab produk utawa kaluwihane                  saka produk kang wis ana.
        2.) Ngandharake tata cara panganggone
        3.) Menehi informasi rega lan kemasane produk
    b. Pariwara persuasif\
        yaiku pariwara kang duweni paugeran :
        1.) Duweni ancas nyiptakake kasenengan, ngajak, lan keyakinan saengga konsumen                   gelem tuku lan nggunakake produk.
        2.) Mengaruhi masyarakat milih sawijining merk tertamtu.
        3.) Mengaruhi masyarakat supaya nuku barang kang ditawakake.

2. Pariwara umum
Kang kalebu jenising pariwara iki ing antarane yaiku :
        a. Pariwara tanggung jawab sosial
            yaiku pariwara kang ancase kanggo nyebarake piweling kang sipate informatif supaya duweni                tanggung jawab marang perkara sosial.
        b. Pariwara bantahan
            yaiku pariwara kang digunakake kanggo mbantah utawa nglawan isu kang ngrugekake pihak-                pihak tertamtu. 

3. Pariwara khusus
Jenising pariwara khusus ing antarane yaiku :
    a. Pariwara cetak, yaiku pariwara kang digawe lan dipasang kanthi migunakake teknik cetak
    b. Pariwara elektronik, yaiku pariwara kang dipasang ing media elektronik kaya TV lan radio.
    c. Pariwara komersial, yaiku pariwara bisnis kang duweni ancas supaya entuk kauntungan ekonomi.
    d. Pariwara nonkomersial, yaiku pariwara kang digunakake kanggo ngandharake informasi lan                    dhidhik masyarakat. 

4. Pariwara kang nganggo dhasar sasaran
Jenising pariwara iki ing antarane yaiku :
    a. Pariwara lokal : pariwara masyarakat kang sasarane ing wilayah lokal, kaya padesan utawa                     kabupaten.
    b. Pariwara regional : pariwara kang sasarane luwih saka siji wilayah lokal.
    c. Pariwara nasional : pariwara kang target sasarane kabel wilayah saknegara.
    d. Pariwara internasional : pariwara kang target sasarane masyarakat antar negara.

E. Nulis Pariwara
Carane nggawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan ing ngisor iki yaiku:
a. Sing dituju kudu cetha, 
b. Sing ngirim kudu cetha, 
c. Barang utawa jasa sing ditawakake kudu cetha, 
d. Narik kawigaten sing maca, 
e. Nuwuhake rasa pengin tuku, 
f. Nuwuhake rasa pingin nduweni barang sing ditawakake, 
g. Bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake, 
h. Nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampar langsung dieling-eling.

Tuladha Pariwara:





Previous Post
Next Post

0 komentar: