Minggu, 04 Oktober 2020

Kelas 10 (Omah Adat Jawa)

OMAH ADAT JAWA

(JOGLO)


        Omah adat Jawa sing umum dikenal yaiku omah kang nduweni gaya arsitektur joglo. Joglo kuwi kalebu wangunan utama saka omah tradisional Jawa Tengah. Para jalwestri jaman ndhisik nduweni penganggep yaiku para kadang konang ora gampang nduweni omah joglo amarga kuwi khusus kanggo kaum terhormat kaya dene bangsawan, priyagung, maharaja lan pangeran. Amerga omah joglo butuhake material kang akih lan larang regane. Omah joglo uga butuhake lahan kang amba amerga ana bagian kang digunaake nampa tamu kang akih.  Nanging Ing jaman saiki wis arang banget ditemokaké omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman saiki.

        Omah joglo duweni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur lan wujude bujur sangkar. Omah joglo wis arang ditemokake ing jaman saiki, nanging esih ana wangunan joglo kang dadi warisan budaya benda lan esih dilestarikna.

Biasane omah joglo iku ana gebyoge kanggo pepaes. Omah joglo kaperang dadi telu bagean yaitu pendhapa, pringgitas, lan ndalem utawa omah jero.

1. Pendhapa

        Bagean pendhapa arupa bagean ngarep sing nduweni ruangan jembar tanpa sekat-sekat, lan ana saka guru papat ing tengah kang dadi panyangga. Fungsine bagean pendhapa yaiku kanggo nampa tamu utawa ruangan nyante keluawrga lan dolanan bocah-bocah. Bagean pendhapa diapit pengrawit apitan lan tajuk mangkurat. 

        Struktur bangunan pendhopo migunaake umpak kanggo alas soko, 4  soko guru (tiang utama) duweni simbol 4 arah mata angin, lan 12 soko pengarak. Uga ana tumpang sari yaiku susunan balik kang disangga  soko guru. Biasane, tumpang sari ana ing pendopo bangunan kang disusun tingkat. Tingkatan-tingkatan iki duweni arti minangka tingkatan kanggo menyang titik puncak. Miturut kepercayaane wong Jawa, tingkatan-tingkatan iki bakal dadi siji ing siji titik.



2. Pringgitan

        Pringgitan saka tembung pa-ringgit-an, ateges jaman biyen minangka papan kanggo nonton wayang purwa utawa wayang kulit. Ing jaman saiki, omah joglo akeh kang ora nganggo paringgitan amarga saiki yen nanggap wayang bakale digelar ing lapang utawa balai desa. 



3. Omah Dalem utawa Omah Njero

        Ana ing bagean dalem minangka bagean jero omah. Ing jero rungan iki ana telu senthong, yaiku Ana senthong kiwa, senthong tengah, senthong tengen lan ruangan iki sing sifate luwih pribadi. Dalem iki dadi pusate saka omah joglo. Senthong kuwi kamar utawa ruang kanggo ngaso/sare.

                                            omah dalem

                                            senthong/kamar


        Ana Uga bagean gandhok lan pawon. Gandhok iki dipigunakake kanggo nyimpen perabot masak. Ciri-ciri wangunan joglo yakuwi bagean payon pendhapane dhuwur kaya gunung. Perangan payon yakuwi ana empyak, memolo, kili, bahu danyang, untu cakil, gendheng, wuwung, lan talang. Yen dhasaran omah joglo arane ki bebatur kaya dene jobin, jogan, ompak kang warnane cemeng.

Jinis-jinis omah Joglo:

  1. Joglo Lawakan
  2. Joglo Sinom
  3. Joglo Jompongan
  4. Joglo Pangrawit
  5. Joglo Mangkurat
  6. Joglo Hageng
  7. Joglo Semar Tinandhu

Denah Omah Joglo






Previous Post
Next Post

0 komentar: