Senin, 31 Agustus 2020

Pertemuan ke-5 Kelas 12 (Busana Adat Jawa)

Busana / Rasukan Adat Jawa

Rasukan adat Jawa utawa busana adat Jawa umum/kaprah diarani rasukan kejawen sing wis ana wiwit jaman mbiyèn lan wiwit kebentuk jangkep ana ing jaman karajan Demak. Saliyané rasukan kejawen uga ana rasukan surjanrasukan mesiranrasukan basahan lan rasukan gedhog.

Saben-saben jinis rasukan Jawa iki nduwé teges parumpamaan utawa pralambang kang jumbuh/gathuk kalawan aji-aji luhur filosofi Jawa.

Lumrahé/kaprahe rasukan Jawa kapérang dadi 4 pérangan ya iku:

1.      Perangan ndhuwur

2.      Perangan tengah

3.      Perangan mburi

4.      Perangan ngisor

 

1.      Perangan Ndhuwur

a.       Blangkon / iket / udheng

Blangkon iku sajinis panutup sirah kanggo wong priya sing kagawé saka bahan kain bathik utawa lurik. Blangkon sajatiné wujud modhèren lan praktis saka iket. Ing busana tradhisional adat Jawa lan adat Sundha blangkon dianggo minangka pasangan karo busana beskap.

Ana sawatara jinis blangkon miturut adat ing papan panggonan tinamtu. Jinis blangkon antarané:

·         Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan (trèpès).

·         Blangkon Yogya, nganggo mondholan.

·         Blangkon Kedhu.

·         Blangkon Banyumas.

·         Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.

Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburiné blangkon, makili modhèl rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhèl trèpès, iku wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akèh-akèhé priya saiki arambut cendhak. Modhèl trèpès iki digawé kanthi njait langsung mondholan ing pérangan mburi blangkon. Saliyané saka suku Jawa , ana uga sawatara suku sing migunakaké panutup sirah sajinis blangkon nanging béda wujudé, ya iku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalané.

Filosofi blangkon/iket/udheng

Supaya menungsa iku sayogyane nduweni pikiran kang kenceng, ora gampang goyah, mung amarga situasi utawa kahanan kang ora ndukung

2.      Perangan Tengah

a.       Rasukan utawa klambi

b.      Benik

c.       Lonthong

d.      Epek

e.       Timang

3.      Perangan Mburi

a.       Curiga

b.      Warangka

4.      Perangan Ngisor

a.       Bebed

b.      Jarik lan wiron

c.       Canela

Senin, 24 Agustus 2020

Materi ke3 Kelas 10 (Pawarta)

PAWARTA BASA JAWA

 

A.   Pangertene pawarta

 

Pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, dilumantarke wujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng.

Pawarta duwe titenan (ciri-ciri) kaya kasebut ing ngisor iki :

·         Tinemu ing akal (penalaran logis).

·         Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5W + 1H.

·         Struktur basa trep.

·         Diksi trep ora ambigu.

·         Narik kawigaten.

·         Basa kang nengsemake.

 

B.   Perangane pawarta

Perangane pawarta ing antarane yaiku :

1.       1. Headline (judul/irah-irahan).

2.     2. Deadline (batas wektu).

3.     3.  Lead (teras pawarta).

4.       4.  Body language (surasane pawarta/bahasa tubuh)

 

C.    Unsur-unsur pawarta

Unsur-unsur kang kudu ana ing pawarta yaiku 5W + 1H :

1.     1. What (apa) : pawarta babagan apa.
1.     2. Where (ing ngendi) : ana ing ngendi pawarta kasebut.
2.     3. When (kapan) : kapan kedadean/prastawa kang dipawartakake.
3.     4. Why (kenang apa) : kenang apa bisa kedadeyan kaya mangkono.
4.     5. Who (sapa) : sapa wae kang ana ing njero pawarta.
5.     6. How (kepiye) : kepiye cara ngrampungake prastawa kasebut

 

D.   Sifat pawarta

a.       Aktual (anyar).

b.      Jarak (adoh/cedhak).

c.       Penting.

d.      Akibat.

e.      Congkrah/konflik.

f.        Tintrim (ketegangan)

g.       Kemajuwane inovasi utawa owah-owahan teknologi.

h.      Emosi.

i.         Humor.

 

E.    Nilai pawarta

Ngenani nilai pawarta, ana pangerten kang ngandharake patang nilai pawarta

(Syamsul M.Romli), yaiku :

1.      1. Cepet, yaiku aktual lan pas wektune. Pawarta iku sabisa-bisane ngandharake sawijining                                     bab/prastawa kang anyar.
2.  Nyata, yaiku informasi babagan sawijining fakta kang dumadi saka kedadeyan nyata, panemu, lan                    pratelan sumber pawarta.
3.  Penting, yaiku sesambungan karo wong akeh.
4.  Menarik, yaiku bisa narik kawigatene para pamiyarsane.

 

F.      Etika nulis pawarta

Ø              ØObjektif
Ø              ØCover both side (Bertanggung jawab)

 

G.   Teknik nulis pawarta

1.      1. Pengorganisasian/ngumpulake fakta/data. Data ing kene bisa awujud wawancara (wawan rembug), kedadeyan langsung, utawa data-data tinulis.
2.      Nemtokake teras berita (lead).
3.      Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut aja  molak-malik utawa dienjah-enjah/dilompati supaya ora mbingungake pamiyarsa.
4. Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan

Jumat, 21 Agustus 2020

Pertemuan ke-2 Kls Percepatan (Crita rakyat)

                                     CRITA RAKYAT


A. Pangertene Crita Rakyat

Crita Rakyat Yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masarakat ing papan iku.

Umume, awujud lelakon cekak kang wose crita munjerake sawijining tokoh. Kedadeyan, tokoh, lan konflik iku sawijining unsur pokok crita, lan katelune kanthi nyawiji diarani plot utawa alur. Kanthi mangkono crita iku kudu duwe alur.

Crita Rakyat (folklore) iku crita saka jaman kuna kang isih urip ing madyaning bebrayan agung lan diwarisake kanthi lesan. Ing jaman biyen biyasane crita rakyat di ceritakake ana ing kalodhangan tinamtu dening wong kang nduweni kabisan tinamtu/khusus, kayata dhalang.

 

B.  Unsure Crita Rakyat

Unsur-unsur crita rakyat kaperang dadi loro, yaiku:

1.    Unsur ekstrinsik

yaiku unsure kang mbangun crita rakyat saka sajabane crita. Kang mangaribawani (mempengaruhi) dianggite crita rakyat saka unsure ekstrinsik iku antarane:

a.             a. Agama

b.               b. Ekonomi

c.                c. Sosial

d.               d. Pendhidikan

e.                e. Budaya


2.   Unsur intrinsik

yaiku unsure kang mbagun crita rakyaat saka njero crita. Kang mangaribawani dianggite crita rakyat saka unsure intrinsike iku antarane:

a.                   a. Tema

Tema, yaiku idhe/gagasan baku kang dadi undherane prakara crita. Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, lan sapanunggalane.

 

b.  Paraga

Paraga, yaiku pelaku kang mbangun crita utawa wong kang dicritakake. Paraga ing crita nduweni watak dhewe-dhewe kanggo mbedakake siji lan liyane. Paraga kaperang dadi 3, yaiku:

1)    Paraga utama sing uga dijenengi protagonis.

2)   Paraga mungsuh sing uga dijenengi antagonis.

3)   Paraga tambahan sing uga dijenengi tritagonis.

 

c.  Watak

Watak, yaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, cendhek, lan sapiturute) lan tandha-tandha nonfisik kang diduweni paraga (galak, sumeh, grapyak, pinter, bodho, lan sapiturute).

 

d. Latar/Setting

Latar utawa setting, yaiku papan, wektu, lan swasana kedadeyane crita. Papan iki bias ana ing pasar, dalan, sawah, kantir, lan sapanunggalane. Wondene wektu iku ana awan, sore, bengi, esuk.

 

e.  Sudut Pandang/Point of View

Sudut pandang, yaiku posisine pagript ing crita utawa carane pangripta nyritakake isine crita. Pangripta bisa dadi tokoh ing crita kuwi, uga bias dadi pengamat wae ing njaba crita.

 

f.   Basa

Basa, yaiku gegayutan karo gaya basa kang digunakake pangripta ing crita.

 

g.  Alur/Plot

Alur, yaiku urut-urutake kedadeyan ing crita. Bakune crita saka wiwitan nganti teka pungkasan (pitepungan, dredah, cara ngrampungake dredah).

Alur kaperang dadi 3, yaiku:

1)    Alur maju (progresif) yaiku alur kang nyritakake utawa nggambarake kahanan saiki kanthi sateruse.

2)   Alur mundur (regresif) yaiku alur sing nggambarake kahanan saiki, diterusake ngandharake kahanan sing kapungkur.

3)   Alur campuran 

 

h. Amanat   

Amanat, yaiku piweling utawa piwulang luhur kang kakaandhut ing sajroning crita, kang arep diwenehake pangripta marang pamaca.

  

 

C.  Karekteristik Crita Rakyat

Crita rakyat yaiku perangan karya sastra lisan kang nduweni karakter kaya ing ngisor iki.

1.    Anonim, tegese crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit.

2.   Kolektif, merga ora kaweruhan sapa sing nganggit crita mau dadi duweke masarakat bebarengan.

3.    Dicritakake kanthi lesan.

4.   Sing nyritakake saka generasi menyang generasi liyane.

Amarga cirri kasebut crita rakyat gampang owah, sok sapa bias nambahi mula akeh versi miturut papan utawa panggonan sing nyritakake.

 

D.  Wujude Crita Rakyat

Crita wujude ana loro yaiku crita fiksi (dongeng) lan crita non fiksi. Crita fiksi yaiku crita sing ngayawara, direka-reka anane, mula bisa diarani dongeng, yen dikerata basa ‘dipaido ya keneng’.

1.    Wujude crita fiksi/dongeng

a.               a. Fabel

Fabel yaiku dongeng kewan sing bisa wawan gunem kaya manungsa.

Tuladhane : Kancil karo Baya, Singa Barong karo Tikus, Kancil Nyolong Timun, lan sapanunggalane.

 

b.  Mite

Mite yaiku dongeng sing ana sesambungane karo roh, alam gaib.

Tuladhane : Nyi Roro Kidul, Pethite Nyai Blorong, Thuyul, Gendrowo Kulon Desa, lan sapanunggalane.

 

c.  Legenda

Legenda yaiku dongeng mula bukane dumadining panggonan utawa barang.

Tuladhane : Dumadine Rawa Pening, Tangkuban Prau, lan sapanunggalane.

 

2.    2.Wujude crita non fiksi

a.   Hikayat

Hikayat yaiku crita bab lelakon paragane.

Tuladhane : Hikayat Hang Tuah, Hikayat Gadjah Mada, Hikayat Bahtiar, lan sapanunggalane.

 

b.   Babad

Babad yaiku crita sing ana bukti nyatane, nanging uga ditambahi carita sing ngayawara.

Tuladhane : Babad Tanah Jawi. Babad Mataram, Babad Kartasura, lan sapanunggalane.

 

c.    Sejarah

Sejarah yaiku crita sing ana bukti nyatane.

Tuladhane : Sejarah Majapait, Sejarah Demak, Sejarah Kraton Ngayogyakarta, lan sapanunggalane.

 

d.   Roman

Roman yaiku crita sing nggambarake uriping wong wiwit lahir nganti mati. Jinising warna-warna kayata : Roman adat, Roman sosial, Roman detektif, lan sapanunggalane.

Tuladhane : Sri Kuning, Anteping Wanita, Anteping Tekad. Kapilut Godhaning Setan, Tresna Abaya Pati.

 

 

E.  Sinopsis

Sinopsis crita rakyat yaiku ringkesan crita rakyat. Ringkesan crita rakyat yaiku  nyekakake crita rakyat kanthi tetep ngawigatekake unsure-unsur instrinsik crita rakyat kasebut. Ancasing sinopsis yaiku menehi gambaran ringkesan ngenani crita rakyat.

Carane nggawe sinopsis, yaiku:

a.   Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum panulis.

b.   Nyathet gagasan umum kanthi nggarisi ngisor gagasan sing wigati.

c.    Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan utama kaya dene sing dicathet sajrone cara kapindho.

d.   Gunakna ukara sing padhet, efektif, lan narik kanggo ngrangke alur crita dadi sawijining karangan cekak kang nggambarake karangan asli.

e.    Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae.

f.    Sinopsis ora antuk nyimpang saka alur crita lan isi saka kaya sing asli.