Selasa, 20 Oktober 2020

Kelas 12 (Gamelan Jawa)

GAMELAN JAWA

➡PANGERTEN GAMELAN JAWA

Gamelan jawa iku salah jinis corak gamelan sing urip nang Jawa Tengah uga Yogyakarta lan sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa iki beda karo musik gamelan saka daerah liya. Musik gamelan Jawa lumrahe nduwe nada luwih lembut lan luwih alon. Beda karo musik gamelan Bali sing nduwe nada luwih cepet, uga gamelan Sundha sing rasa musike banget lan didhominasi swara suling. Gamelan Jawa iku nduwe gatra-gatra pentatonis lan nduweni 2 laras, yaiku laras slendro lan laras pelog. Laras slendro nduweni urutan gatra-gatra 1 2 3 5 6 (ji ro lu ma nem). Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kaperang dadi pathet nem, pathet sanga, lan pathetmanyura. Urutan iki umume kanggo pagelaran wayang. Laras pelog nduweni gatra-gatra 1 23 4 5 6 7 (ji ro lu pat ma nem pi). Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kaperang dadi paht etnem, pathet lima, lan pathet barang.

Piranti gamelan Jawa bisa dikelompokake dadi 4 bageyan yaiku gongan, balungan, panerusan, lan kendhang. Gong, kempyang, kethuk, kempul lan kenong menika kalebu gongan. Balungan iku rangkeyan melodi ing gamelan. Dadi ing jinis musik gamelan iki inti melodine ana ing rangkeyan swara balungan iki. Sing kalebu balungan yaiku saron panerus, saron barung, demung lan slenthem. Saron demung utawa asring disebut demung iku salah sawijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron. Iki jinis saron paling gedhe ukurane, sing paling cilik peking sing tengah-tengah saron barung tembe demung. Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lan slendro demung. 

Piranti-piranti gamelan cacahe ana 11, yaiku :

1. Kendhang

                Kendhang nglayani utama kanggo nyetel irama. Kendhang iku rungdening tangan, kanthi ora ana alat. Remaja jinis cilik diarani ketipung, tengah sing diarani kendang ciblon /kebar. Pasangan ketipung ana siji liyane sing disebut kendang gedhe sing disebut kendang kalih. Kendang 2 diputer kanthi tembang utawa gendhing kanthi alus, kayata ketawang, kalhuk loro, lan rancak ladrang dadi. Bisa uga dimainke kanthi cepet ing pambuka lagu jenis lancaran, ladrang irama tanggung jawab. Kanggo muter kendhang,mbutuhake wong sing jero ngenani budaya Jawa, lan dimainake kanthi perasaan insting saka pemain,mesthine karo aturan sing ana


            2. Demung, Saron, Peking
          Piranti kasebut ana ing wujud kunci kanthi enem utawa pitung slats (oktaf) sing ditumpangi ing bingkai kayu sing duwe fungsi minangka resonator.  Miturut ukuranlan fungsi, ana telung jinis saron: -demung (paling gedhe), - saron(Medium) lan, - peking (paling cilik).
a. Demung 
     Alat iki gedhe lan beroktaf tengah. Demung muter balungan gendhing ing papan sing dawane.Umumé, siji piranti gamelan duwe siji utawa loro demung. Nanging ana gamelan ing istana sing duwe luwih saka loro demung.

b. Saron
        Alat iki medium lan dhuwur beroktaf.Seperti demung, saron barungmuter balungan ing wilayah singdiwatesi. Ing teknik kecenderunganganjaran, rong lagu saron muter singcepet. Sawijining set gamelan duwe rong saron, nanging ana luwihgamelan lan rong saron.

c. Peking 
        Saron beroktaf sing paling cilik lansing paling dhuwur.Iki lagu utawa peking panon nyanyilagu kontinental kaping pindho utawakaping papat

        3. Gong 
    Gong nandhani awal lan pungkasangendhing lan menehi rasakeseimbangan sawisé tembanggendhing panjang.Gong wigati banget kanggo nandhani pungkasaning grup dhasar lagu,supaya grup kasebut dhewe (yaikuukara tembang antarane rong pemukul) diarani gongan.

        4. Kempul 

    Kempul iku salah sijiné perangkat gamelan Jawa sing ditabuh kanthi cara digantung kaya racaké perangkat gong. Kempul iki cacahé gumantung saka larasé (pelog lan slendro, nanging kadhang kala ora komplit. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni 6 utawa 10 kempul. Wujude kaya gong nanging ukuran luwih cilik, rainé rata lan pérangan tengah ana pêncuné, ukuran diameter umum kira-kira 45 cm. Kempul ngeto'ake swara sing luwih dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur manèh.

        5. Bonang


        Bonang iku perangkat gamelan Jawa kang ditabuh. Bonang iku diso'ake langsung ing wilah kayu lan diayun ing loro sisi ngisore. Ana 2 jinis bonang yaiku, bonang barung lan bonang penerus.Wujud bonang iki meh padha kempyang ning tonjolan ing tengahe luwih dhuwur. Tabuh bonang digawé saka kayu kang rada empuk, wujude dawa, ing salah siji pucuke rada gedhé tinimbang pucuk liyané, lan ing pucuk kang gedhé iku diblebet tali. Ing grobogan utawa rancak, bonang iku ditata dadi rong baris masing-masing ana 7, dadi cacahe kabèh ana 14 ning kadang uga ana kang 12.

        6. Slenthem
        Slenthem iku piranti gamelan Jawa kang ditabuh. Slenthem iku disokaké ing panggon kang fungsiné kaya ayunan lan ing ngisoré ana tabung utawa silinder kanggo ngetokaké gema swarané. Miturut konstruksiné, slenthem iku kalebu kulawarga gendér; utawa dijenengi gendèr panembung. Nanging slenthem duwèni bilah padha karo bilah saron; Slenthem oktafé paling ngisor yèn ing golongan instrumèn saron. Kaya demung lan saron barung, slenthem mainaké lagu balungan karo wilah kang winates.

        7. Kethuk-kenong 


        Kethuk iku salah siji perangkat gamelan Jawa kang ditabuh. Bedha karo gong kang digantung, kenong iku diso'ake ing enggon kang fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirib karo kenong, bonang lan kempyang.














Minggu, 11 Oktober 2020

Kelas 11 (Teks Eksposisi Adat Tradisi Mantu)

 ADAT TRADISI MANTU




A. Pangertosan

        Adat tradisi jawa samenika sampun kalestarekaken dhateng masyarakat, salah satunggaling inggih menika upacara adat mantu. Para tiyang sepuh ingkang nggadhahi putra-putri kang sampun siap ameh-amehan kedah mangertosi lan migunakake rerakaning cak-cakaning tatacara adat ingkang sampun kasusun dening budaya.

        Upacara penganten adat jawa iku sawijine Upacara sakral adat jawa kang duwe urut-urutaning upacara lan tata cara kang wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangake pertemuan antarane penganten putri lan penganten kakung ing swasana kang mligi lan di lambangake dadi pasangan raja lan ratu.

B. Urutaning Tradisi Mantu

       Rerangkening inti upacara umume diselenggarakake ing daleme penganten putri yaiku kang  nganakake pahargyan mantu yaiku wong tuwa utawa kulawarga penganten putri. Nanging, tetep dibiyantu kulawarga penganten kakung. Rerangkening upacara pengantenan adat jawa iku seje – seje miturut dhaerah uga diselenggarakake salaras kahanan ekonomi sosial kaluwargane.

Rerangkening upacara pengantenan kang pakem nglimput 16 Upacara, Yaiku :

1. Lamaran

        Upacara lamaran yaiku upacara kanggo nrima kulawarga calon penganten kakung ing daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tandha menawa wong tuwa utawa kaluwarga manten putri sarujuk yen putrine di dadekake pasangan kaleh manten kakung. Ing acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nentokake dino utawa tanggal penyelenggaraane rerangkeyan upacara liyane.


2. Siraman 

Acara Siraman yaiku upacara kang sejatine dadi pralambang kanggo ngresikake jiwane calon penganten. Upacara iki diselenggarakake sedina sadurunge ijab kabul lan dilakokake ing omahe dhewe-dhewe calon manten. Siraman katindakake dening ibune calon penganten, budhe, bulik, lan mbah putrine.


3. Midodareni

        Tembung Midodareni asale saka basa jawa yaiku Widodari utawa Bidadari ing basa Indonesia. Oleh menika Midodareni yaiku upacara kang ngandhung makna menawa bengi sadurunge acara pengantenan iku, kabeh widodari mudhun saka suwarga aweh pangestu uga penganten putri bakal dadi ayu kaya widodari. Ing acara iki penganten putri ora oleh metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sadulur – sadulure putrine.


4. Srah-Srahan
        Srah-srahan iku diarani  uga “asok tukon” yaiku kluwarga kakung nyerahkake ubarampe lan beaya kang bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Srah-srahan iku uga duwé ancas kanggo ngènthèng-ngènthèngi sanggané kulawarga mantèn putri supaya ora kabotan anggoné nyiyagakaké apa kang dibutuhaké nalika mantu.  Mula saka iku uga ana sing ngarani yèn srah-srahan iku diarani sanggan kang asale saka tembung sangga .


5. Ijab Qobul
        Ijab Kabul yaiku sawijine rerangkening pengantenan kang nuduhake menawa penganten kakung kuwi ngucapkake janji ing ngendi kuwi didelok karo wong akeh kanggo saksi menawa nikahipun sampun sah.


6. Panggih
        Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan dilehkake ing prapatan cedhak omah kang tujuwane kanggo gusir roh jahat. Upacara Panggih dhewe yaiku tetemune penganten putri lan penganten kakung saperlu nerusakake upacara balng suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran, timbang, kacar kucur, dhahar klimah, mertui, lan sungkeman.


7. Upacara Balang Suruh
        Upacara balang suruh yaiku upacara kang dadi pralambang sih katresanan lan kasetiaan ing antarane penganten kakung lan putri.


8. Upacara Wiji Dadi
        Upacara Wiji Dadi yaiku uapacara mingangka penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngumbah/ngresiki sikile penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki uga dadi pralambang sawijining kepala kulawarga sing tanggung jawab mrig kulawarga.


9. Pupuk
        Upacara Pupuk yaiku upacara dene ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung lan menehi ngombe minangka tandha eklas nampa dadi bageane kulawarga. 

    
10. Sinduran
        Upacara Sinduran yaiku Lumampah alon-alon penganten kakung lan penganten putri kanthi nyampirake kain sindur kang ditarik kalih bapake penganten putri minangka tandha penganten sakloro wis di tinampa dadi kulawarga.

11. Bobot Timbang
        Upacara Timbang yaiku minangka penganten kakung lan putri lungguh ing pangkone bapake penganten putri kang dadi pralambangan sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantune saha besan.

12. Kacar-Kucur
        Kacar-kucur yaiku Upacara kang migunakake awujud dhuwit receh, beras, lan ubarampe liyane kang dikucurake ana pangkone penganten putri minangka pralambang aweh nafkah.

13. Dhahar Klimah
        Dhahar Klimah yaiku upacara kang dilakoni kanti cara penganten kakung lan penganten putri dhahar dulang dulangan minangka kang dadi pralambang penganten kakung lan putri bisa urip seneng lan susah kanthi bebarengan.

14. Sungkeman
        Sungkeman yaiku Penganten kakung lan penganten putri sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.

15. Mertui
        Mertui yaiku upacara kang dilakoni kanthi cara wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak ing acara resepsi.

16. Kenduri/Resepsi
        Keduren utawa resepsi yaiku puncake acara pengantenan kang duweni makna upacara slametan, slamet amarga acarane inti ijab kabul wis sampun diselenggarakake, lan biyasane ing acara iki pasangan penganten nrima ucapan slamet saka kerabat, kanca, uaga kabeh sing hadir ing acara pengantenan.







Selasa, 06 Oktober 2020

Kelas 12 (Teks Eksposisi)

 TEKS EKSPOSISI

Pangerten

        Karangan eksposisi miturut Aceng Hasani (2005 : 30) yakuwe minangka tulisan kang asring dipigunakake kanggo nulisake panemu ngilmiah lan ora mbudidaya mikut panemune pamaos. Ing karangan eksposisi, pamaos ora dipeksa kanggo nampa lan ngugemi panemune penulis/panganggit. Pamaos bisa nolak lan bisa nampa apa kang dikandhahake penulis.

        Karangan eksposisi minangka karangan kang nduweni ancas kanggo menehi informasi karo babagan apa bae saengga miyarake panemune pamaos. Karangan eksposis nduweni sifat ngilmiah/non fiksi. Sumber karangan bisa pikoleh saka kasile pengamatan, panaliten, uga pengalaman. Paragraf ing eksposisi ora tansah kaperang ing bageyan-bageyan pambuka, pengembangan lan panutup. Bab minangka kuwi gumantung sekang sipating karangan lan ancas/tujuan kang bakal ginayuh.

A. Topik-topik ing karangan eksposisi
  1. 1. Data faktual, tegese bener-bener kedadeyan, ana lan bisa asipat historis magepokan karo kepriwe carane sawijining alat makarya lan kanggo gawe, kepriwe sawijining prastawa bisa kedadeyan lan sapanunggalane.
  2. 2. Sawijining analisis utawa penafsiran objektif marang sawijining fakta.
  3. 3. Fakta kang magepokan karo sawijining pawongan kang nduweni keyakinan kang teguh.

B. Tuladha urutan analisis paragraph eksposisi
  1. 1. Urutan kronologis/proses. Biasane nulisake proses sawijining kang urutaning panggaweyan utawa kedadeyan (dumadining prastawa).
  2. 2. Urutan fungsional.
  3. 3. Urutan sebab akibat.
  4. 4. Analisis perbandingan.

C. Langkah-langkah nulis karangan eksposisi
  1. 1. Nemtokake tema.
  2. 2. Nemtokake tujuan/ancas karangan.
  3. 3. Milih data sing cocok karo tema.
  4. 4. Nggawe kerangka karangan.
  5. 5. Ngembangna kerangka dadi karangan kang utuh.

D. Langkah-langkah nggawe paragraf

        Pola ngembangkake paragraf eksposisi bisa paragraf maneka warna, watara liya ana pola    pengembangan paragraf proses kuwe ngemot wangsulan sekang pitakonan kepriwe makaryane, kepriwe carane makaryane (nggawe bab sing kaya minangka kuwe) kepriwe barang bisa kasusun, kepriwe bab kang mangkana bisa dumadi.
Ing ngisor kiye cara penulisane :
  1. 1. Panulis kudu mangerteni peprincine kanthi sekabehane.
  2. 2. Mbagi lan milah perincine sekang tahap-tahap kedadeyane

E. Ciri-ciri paragraf eksposisi
  1. 1. Ngemot ide utawa gagasan lan panemune panulis ngenani masalah tartamtu nanging tetep objektif.
  2. 2. Nduweni ancas nambah pengetahuan pamaca tanpa nduweni teges mikut.

F. Jenis-jenis paragraf eksposisi
  1. 1. Paragraf eksposisi definisi.
  2. 2. Paragraf eksposisi proses.
  3. 3. Paragraf eksposisi ilustrasi.
  4. 4. Paragraf eksposisi klasifikasi/pengelompokan.
  5. 5. Paragraf eksposisi perbandingan/pertentangan.
  6. 6. Paragraf eksposisi laporan.

Minggu, 04 Oktober 2020

Kelas 10 (Omah Adat Jawa)

OMAH ADAT JAWA

(JOGLO)


        Omah adat Jawa sing umum dikenal yaiku omah kang nduweni gaya arsitektur joglo. Joglo kuwi kalebu wangunan utama saka omah tradisional Jawa Tengah. Para jalwestri jaman ndhisik nduweni penganggep yaiku para kadang konang ora gampang nduweni omah joglo amarga kuwi khusus kanggo kaum terhormat kaya dene bangsawan, priyagung, maharaja lan pangeran. Amerga omah joglo butuhake material kang akih lan larang regane. Omah joglo uga butuhake lahan kang amba amerga ana bagian kang digunaake nampa tamu kang akih.  Nanging Ing jaman saiki wis arang banget ditemokaké omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman saiki.

        Omah joglo duweni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur lan wujude bujur sangkar. Omah joglo wis arang ditemokake ing jaman saiki, nanging esih ana wangunan joglo kang dadi warisan budaya benda lan esih dilestarikna.

Biasane omah joglo iku ana gebyoge kanggo pepaes. Omah joglo kaperang dadi telu bagean yaitu pendhapa, pringgitas, lan ndalem utawa omah jero.

1. Pendhapa

        Bagean pendhapa arupa bagean ngarep sing nduweni ruangan jembar tanpa sekat-sekat, lan ana saka guru papat ing tengah kang dadi panyangga. Fungsine bagean pendhapa yaiku kanggo nampa tamu utawa ruangan nyante keluawrga lan dolanan bocah-bocah. Bagean pendhapa diapit pengrawit apitan lan tajuk mangkurat. 

        Struktur bangunan pendhopo migunaake umpak kanggo alas soko, 4  soko guru (tiang utama) duweni simbol 4 arah mata angin, lan 12 soko pengarak. Uga ana tumpang sari yaiku susunan balik kang disangga  soko guru. Biasane, tumpang sari ana ing pendopo bangunan kang disusun tingkat. Tingkatan-tingkatan iki duweni arti minangka tingkatan kanggo menyang titik puncak. Miturut kepercayaane wong Jawa, tingkatan-tingkatan iki bakal dadi siji ing siji titik.



2. Pringgitan

        Pringgitan saka tembung pa-ringgit-an, ateges jaman biyen minangka papan kanggo nonton wayang purwa utawa wayang kulit. Ing jaman saiki, omah joglo akeh kang ora nganggo paringgitan amarga saiki yen nanggap wayang bakale digelar ing lapang utawa balai desa. 



3. Omah Dalem utawa Omah Njero

        Ana ing bagean dalem minangka bagean jero omah. Ing jero rungan iki ana telu senthong, yaiku Ana senthong kiwa, senthong tengah, senthong tengen lan ruangan iki sing sifate luwih pribadi. Dalem iki dadi pusate saka omah joglo. Senthong kuwi kamar utawa ruang kanggo ngaso/sare.

                                            omah dalem

                                            senthong/kamar


        Ana Uga bagean gandhok lan pawon. Gandhok iki dipigunakake kanggo nyimpen perabot masak. Ciri-ciri wangunan joglo yakuwi bagean payon pendhapane dhuwur kaya gunung. Perangan payon yakuwi ana empyak, memolo, kili, bahu danyang, untu cakil, gendheng, wuwung, lan talang. Yen dhasaran omah joglo arane ki bebatur kaya dene jobin, jogan, ompak kang warnane cemeng.

Jinis-jinis omah Joglo:

  1. Joglo Lawakan
  2. Joglo Sinom
  3. Joglo Jompongan
  4. Joglo Pangrawit
  5. Joglo Mangkurat
  6. Joglo Hageng
  7. Joglo Semar Tinandhu

Denah Omah Joglo