ADAT TRADISI MANTU
A. Pangertosan
Adat tradisi jawa samenika sampun kalestarekaken dhateng masyarakat, salah satunggaling inggih menika upacara adat mantu. Para tiyang sepuh ingkang nggadhahi putra-putri kang sampun siap ameh-amehan kedah mangertosi lan migunakake rerakaning cak-cakaning tatacara adat ingkang sampun kasusun dening budaya.
Upacara penganten adat jawa iku sawijine Upacara sakral adat jawa kang duwe urut-urutaning upacara lan tata cara kang wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangake pertemuan antarane penganten putri lan penganten kakung ing swasana kang mligi lan di lambangake dadi pasangan raja lan ratu.
B. Urutaning Tradisi Mantu
Rerangkening inti upacara umume diselenggarakake ing daleme penganten putri yaiku kang nganakake pahargyan mantu yaiku wong tuwa utawa kulawarga penganten putri. Nanging, tetep dibiyantu kulawarga penganten kakung. Rerangkening upacara pengantenan adat jawa iku seje – seje miturut dhaerah uga diselenggarakake salaras kahanan ekonomi sosial kaluwargane.
Rerangkening upacara pengantenan kang pakem nglimput 16 Upacara, Yaiku :
1. Lamaran
Upacara lamaran yaiku upacara kanggo nrima kulawarga calon penganten kakung ing daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tandha menawa wong tuwa utawa kaluwarga manten putri sarujuk yen putrine di dadekake pasangan kaleh manten kakung. Ing acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nentokake dino utawa tanggal penyelenggaraane rerangkeyan upacara liyane.
2. Siraman Acara Siraman yaiku upacara kang sejatine dadi pralambang kanggo ngresikake jiwane calon penganten. Upacara iki diselenggarakake sedina sadurunge ijab kabul lan dilakokake ing omahe dhewe-dhewe calon manten. Siraman katindakake dening ibune calon penganten, budhe, bulik, lan mbah putrine.
3. Midodareni Tembung Midodareni asale saka basa jawa yaiku Widodari utawa Bidadari ing basa Indonesia. Oleh menika Midodareni yaiku upacara kang ngandhung makna menawa bengi sadurunge acara pengantenan iku, kabeh widodari mudhun saka suwarga aweh pangestu uga penganten putri bakal dadi ayu kaya widodari. Ing acara iki penganten putri ora oleh metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sadulur – sadulure putrine.
Srah-srahan iku diarani uga “asok tukon” yaiku kluwarga kakung nyerahkake ubarampe lan beaya kang bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Srah-srahan iku uga duwé ancas kanggo ngènthèng-ngènthèngi sanggané kulawarga mantèn putri supaya ora kabotan anggoné nyiyagakaké apa kang dibutuhaké nalika mantu. Mula saka iku uga ana sing ngarani yèn srah-srahan iku diarani sanggan kang asale saka tembung sangga .
5. Ijab Qobul
Ijab Kabul yaiku sawijine rerangkening pengantenan kang nuduhake menawa penganten kakung kuwi ngucapkake janji ing ngendi kuwi didelok karo wong akeh kanggo saksi menawa nikahipun sampun sah.
6. Panggih
Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan dilehkake ing prapatan cedhak omah kang tujuwane kanggo gusir roh jahat. Upacara Panggih dhewe yaiku tetemune penganten putri lan penganten kakung saperlu nerusakake upacara balng suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran, timbang, kacar kucur, dhahar klimah, mertui, lan sungkeman.
7. Upacara Balang Suruh
Upacara balang suruh yaiku upacara kang dadi pralambang sih katresanan lan kasetiaan ing antarane penganten kakung lan putri.
8. Upacara Wiji Dadi
Upacara Wiji Dadi yaiku uapacara mingangka penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngumbah/ngresiki sikile penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki uga dadi pralambang sawijining kepala kulawarga sing tanggung jawab mrig kulawarga.
9. Pupuk
Upacara Pupuk yaiku upacara dene ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung lan menehi ngombe minangka tandha eklas nampa dadi bageane kulawarga.
10. Sinduran
Upacara Sinduran yaiku Lumampah alon-alon penganten kakung lan penganten putri kanthi nyampirake kain sindur kang ditarik kalih bapake penganten putri minangka tandha penganten sakloro wis di tinampa dadi kulawarga.
Upacara Timbang yaiku minangka penganten kakung lan putri lungguh ing pangkone bapake penganten putri kang dadi pralambangan sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantune saha besan.
Kacar-kucur yaiku Upacara kang migunakake awujud dhuwit receh, beras, lan ubarampe liyane kang dikucurake ana pangkone penganten putri minangka pralambang aweh nafkah.
Dhahar Klimah yaiku upacara kang dilakoni kanti cara penganten kakung lan penganten putri dhahar dulang dulangan minangka kang dadi pralambang penganten kakung lan putri bisa urip seneng lan susah kanthi bebarengan.
14. Sungkeman Sungkeman yaiku Penganten kakung lan penganten putri sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
Mertui yaiku upacara kang dilakoni kanthi cara wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak ing acara resepsi.
Keduren utawa resepsi yaiku puncake acara pengantenan kang duweni makna upacara slametan, slamet amarga acarane inti ijab kabul wis sampun diselenggarakake, lan biyasane ing acara iki pasangan penganten nrima ucapan slamet saka kerabat, kanca, uaga kabeh sing hadir ing acara pengantenan.
0 komentar: