Rabu, 12 Agustus 2020

Pertemuan ke-3 Kelas 11 (Novel Basa Jawa)

 

Pengerten Novel Miturut Para Pakar 


  1. Novel yaiku wujud sastra paling populer ing donya. Wujud karya sastra iki paling akeh dicetak lan paling akeh sumebar, lantaran daya komunitase kang amba ing sajrone masarakat. (Jakob Sumardjo) 
  2. Novel yaiku wujud karya sastra kang dumadi saka rong unsur, yaiku unsur intrinsik lan ekstrinsik kang kaloro unsur kasebut gegandhengan jalaran duweni daya pangaribawa gedhe kanggo nglairake karya sastra. (Rostamaji lan Agus Priantoro) 
  3. Novel yaiku karya sastra kang awujud prosa kang duweni unsur-unsur intrinsik. (Paulus Tukam) 
  4. Novel yaiku rerangken kang awujud gancaran (prosa) kang dawa ngandhut rerangken crita bab panguripan sawijining wong lan wong ing sakupenge kanthi nonjolake watek lan sipate saben paraga. (Kamus Besar Bahasa Indonesia)

Jenis-jenis Novel 

Miurut jinie, novel iku ana 2 yaiku: 
  • Novel Serius, Novel serius yaiku novel kang surasane bisa manungsakake manungsa pamaca. Tegese, wong kang maca bisa dadi pribadhi kang luwih becik Novel serius nduweni piguna sosial (bisa nggulawenthah wong tuwa utawa masyarakat supaya dadi manungsa kang luwih prasaja) 
  • Novel Hiburan, Novel hiburan yaiku novel kang ngatonake unsur hiburane saengga pamaca rinasa enak kepenak, agawe gayeng pamaca kanggo ngrampungake novel kasebut Novel hiburan nduweni piguna personal (ora nggatekake carane “mulang” pamaca, bab paling wigati kang digatekake yaiku bisa narik kawigatene pamaca lan gawe pengin ngrampungake anggone maca.


Unsur Novel 

a. Unsur Ekstrinsik

 Unsur ekstrinsik yaiku unsur sajabane karya fiksi kang duwe pengaruh laire karya sastra, nanging ora klebu bagean fiksi 

b. Unsur Intrinsik 

• Tema
   Tema yaiku dhasare crita utawa gagasan umum saka sawijining novel. 
• Alur (Plot) 
  Alur yaiku gegayutan antar prastawa kang duweni sipat sebab akibat lan runtut (kronologis) 
• Wewatek 
  Wewatek yaiku teknik penganggit nyawisake paraga-paraga sajrone crita saengga bisa ditepangi kepiye watek paraga kasebut 
• Latar
   Latar yaiku pathokan kang duweni pangerten panggon, wektu, lan kahanan minangka papan dumadine prastawa-prastawa kang dicritakake.
Previous Post
Next Post

1 komentar: