Selasa, 11 Agustus 2020

Pertemuan Ke-3. Kelas 12 (Geguritan)

 

KASUSASTRAN JAWA

1.         Geguritan

Geguritan yaiku karangan sing awujud tatahan kanthi paugeran tartamtu. Miturut bausastra, geguritan yaiku karangan kang kaya tembang nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune ora ajeg. Babagan kang kudu digatekake nalika gawe geguritan, yaiku:

·      Pamilihing tembung

·      Wirama

·      Sandhanganing basa kang arupa purwakanthi, dwipurwa, dwilingga, seselan –um- lan –in-, lsp.

Isining geguritan:

·      Irah-irahan: gambaran saka isi (nanging ana geguritan sing ora ana irah-irahane)

·      Tema        : idhe baku kang dadi dhasare geguritan

·      Amanat    : piweling sing ana ing sajroning geguritan

·      Diksi         : pamilihe tembung (bisa migunakake majas, frasa, lan klausa)

·      Retorika   : alat kanggo nggambarake sing arep diandharake ana ing sajroning geguritan

Titikane geguritan, yaiku:

·      Tembung-tembung pilihan

·      Isine mentes

·      Cacahe larikan ora katemtokake

·      Sajak pungkasan bebas

·      Arang-arang nggunakake tembung pangiket

·      Nggunakake tembung kawi sawetara

Gurit kaperang dadi loro, yaiku:

·      Gurit kuna

·      Gurit anyar utawa geguritan

Gurit kuna duweni pathokan:

·      Diwiwiti tembung sun nggegurit

·      Cacahe wanda saben sagatra pada

·      Tibane swara ing pungkasan gatra runtut

Geguritan duweni pathokan:

·      Cacahe gatra tanpa wilangan

·      Cacahe wanda saben gatra bebas

·      Tibane swara bebas

·      Pamilihing tembung diutamakake sing mentes

·      Ora nganggo tembung sun nggegurit

PENUGASAN SEBAGAI PRESENSI



 

 


Previous Post
Next Post

0 komentar: