Jumat, 21 Agustus 2020

Pertemuan ke-4 Kelas 11 (Sesorah)

 

                                Sesorah

                              (Pidato Basa Jawa)




1. Pangerten 

Sesorah yaiku micara gagasan utawa panemu sarana lisan ana ngarepe wong akeh. Sesorah ana ing Bahasa Indonesia jenenge pidato. Sesorah iku katindhaake ana ing acara formal. Sesorah katindakake wong jawa utamane menawa ana upacara adat. Upacara adat kang butuhake acara sesorah yaiku :

a. Upacara mantenan jangkep.
b. Sunatan ( Supitan )
c. Upacara sedekah gunung, lan sapanunggalane.

2. Jenis Pidhato/Sesorah
a. Miturut Gunan,

Sesorah kabagi dadi pirang-pirang jinis, yaiku : sabdatama (sesorah tunggal), pambagyaharja(mahargya rawuhe tamu), tanggap wacana  (sesorah kang kudu antuk tanggapan)

b. Miturut Ancase pidato
1. Atur pambagya : sesorah kangge nampi rawuhipun para tamu,wonten ing acara menapa kemawon,umpaminipun:ing pahargyan (pesta),sukuran, lsp
2. Alur kabar,pawarta utawi informasi
Informasi saget arupi palapuran utawi nyariosaken satunggale bab dhateng pamiaraa, pramila bab i gkang kawedharaken kedah gamblang/cetha.
Tuladha:sesorah ing rapat,promosi barang,lansakpanunggalane.
3. Atur panglipur/hiburan ( ancasipun supadoa ingkang mirengaken remen penggalihipun)
Tuladha:ing layatan, atut saking pambela sungkawa.
4 .Pangajak
Ancasipun supados ingkang mirengake pitados.kapilut manahipun saengga purun nindakaken menapa ingkang dipunwedharaken.
Tuladha: Panyuluhan Kesehatan

 

3. Perangane Sesorah
Supados anggenipun sesorah saget runtut,prayogane mangerteni rantamane sesorah.rantamane sesorah yaiku :
A. Uluk Salam (nuqun,kulanuwun, sugeng ndalu lan sanese )
B. Purwaka ( puji syukur kagem gusti lan panuwun kagem para tamu)
C. Isi / wigatining atur ( ngandarake ancasing acara kang dipuntindakaken)
D. Pangarep - arep ( panyuwun utawi pangajeng - ajeng saking tiyang kang kagungan kersa dhateng para tamu )
E. Panutup/wasana (isi atur panuwun )

4. Cengkorongane Sesorah
Urutane Cengkorongan
a. Salam pembuka ( ngucapake uluk salam)
b. Purwaka(isine ucapan syukur)
c. Isi/wigatining atur( bab apa wae kanv badhe diaturaken )
d. Pangarep - arep ( isine bab lang disuwunake marang para tamune umpamane donga lan pitutur.

e. Panutup (ngucapake pangapunten)

f. Salam Panutup

 

5. Bab Sing Perlu Digatekake Nalika Sesorah

a.   Wicara  = ing bab rumpaking basa kudu ngerti keadaan papan saha swasana. Basa kang digunakake kudu cpcpg/jumbuh/gathuk karo swasana sing lagi diadhepi

b.   Wiraga  = nalika sesorah becike nggunakake busana kang sopan lan kudu selaras karo tujuan sesorah lan kahananipun, sumringah, raos seneng, lan konsentrasi.

c.   Wirama = wanggone ngucapke sesorah kudu jelas, wirama sesorah nalika ing manton bedo karo sesorah ing kesripahan. Anggone ngucapke ora kecepeten supaya gampang dipahami.

d.   Wirasa  = wong kang sesorah kudu duweni rasa mantep lan teteg, madhep marang pamirsa dan konsentrasi.

 

 

TULADHA SESORAH

 

Assalamualaikum Wr.Wb

 

Nuwun,para pinesepuh ingkang satuhu luhuring kawruh,Bapak Kepala Desa sapamongipun ingkang satuhu kinurmatan, Para Ketua RW saha Ketua RT ing wewengkon desa Sukamulyamriki ingkang satuhu luhuring budi,Ketua BPD saha para anggotanipun ingkang winantu ing bagya mulya. Mboten supe para kadang pengurus saha anggota karang taruna ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung nun inggih Allah SWT ingkang sampun paring pinten pinten kanikmatan,karohmatan,kaberkahan,saha kasarasan dhumateng kita,saengga ing wekdal menika kita saged makempal ing mriki kanthi boten wonten pambengan satunggal menapa

Sagung para rawuh ingkang satuhu kinurmatan

Kula ingkang pitados dados sesepuhing para kadang pengurus karang taruna”Mugi Rahayu” ing Desa Sukamulya,ngaturaken agunging panwun dumatheng sagung para rawuh sedaya ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal netepi uleman kula kangge ngrawuhi adicara menika.

Salajengipun kula ugi ngaturaken gungig panuwun dhumateng Bapak Kades ingkang sampun paring idin kangge ngawontenaken adicara dinten menika.

Mboten supe kula ugi ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepidhan dhumateng sagung para rawuh ingakng sampun kepareng paring pambiyantu awujud menapa kemawon,ingkang sedaya kala wau andadosaken gancaring adicara dinten menika.

Bapak-bapak,Ibu-ibu,para rawuh sedaya kakung miwah putri ingkang satuhu luhuring budi.

Minangka sesulihipun para kadang pengurus kula nyuwun gunging samodra pangeksami mbok bilih anggenipun ngawontenakan adicara menika kathah kekiranganipun,kiranging suba sita ,kirang papan palenggahan saha ubarampe sanesipun,sepisan malih kula nyuwun gunging samodra pangaksami.

Para pilenggah ingkang kinurmatan.

Panjenengan sedaya kula aturi rawuh ing ngriki amargi kula sekanca saking paguyuban karang taruna badhe ngaturi priksa babagan program-program ingkang sampun karancang ing taun menika. Salah satunggaling inggih menika ngugemi panywunipun para mudha ing Desa Sukamulya ingkang kepengin nggadhahi lapangan olahraga bal-balan ingkang sae supados saged kangge gladhen utawi latihan olahraga kanthi sekeca,sak saged-saged nggadhahi lapangan ingkang selaraskalian standar nasional.

Pramila ing kalodhangan menika kula nggadhahi pangajeng-ajeng mugia pepanggihan ing dalu menika saged kangge ajang pirembagan saha penggalihan kados pundi saenipun supados pepenginanipun para mudha menika saged kasebadan. Utaminipun dhumateng Bapak Kades saha ketua BPD ingkang kagungan wenang,kula nyuwun pamrayogi,kawicaksanaan saha panyengkuyungipun. Wonten unen-unen”Anak polah Bapa kepradhah” tegesipun menawilare nggadhahi pepenginan,tiyang sepuhipun kedah tumut menggalihaken.

Kados namung semanten ingkang saged kula aturaken wonten ing ngarsa  panjenengan sedaya,bilih kathah atur kula ingkang mboten mranani penggalih,kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Nuwun..... Wasalamualaikum Wr.Wb

 

Peretemuan ke-4 Kelas 12 (Wacan Deskripsi)

                                                        KARANGAN DESKRIPSI 


         Deskripsi asale saka tembung tembung description (Bahasa inggris) sing maknane ngambarake nganggo basa. Karangan deskripsi yakuwe karangan utawa tulisan sing nduweni ancas (tujuan) ngambarana sawijining barang / objek kanthi jelas marang pamaca. Miturut kamus besar Bahasa Indonesia ( 2005 : 258) njelasna menawa deskripsi yakuwe andharan utawa nggambarna kanthi tembung – tembung kang jelas lan tarwaca. 

         Deskripsi yakuwe andharan utawa nggambarna kanthi tembung – tembung sawijining barang, papan panggonan, swasana, lan kadadean. Ancas utawa tujuan kiye supaya kaya- kaya pamaca weruh bab kang dideleng, bisa krungu apa sing dirungu, bisa ngambu apa sing bisa diambu, bisa nyicipi sawijining panganan kang dipangan, bisa ngrasakna saengga pamaca nduweni dudutan utawa kesimpulan sing padha karo penulis. 

 Ciri – ciri paragraf deskripsi: 

1. Menehi gegambaran sawijining barang panggonan lan swasana

2. Gegambaran dilakokna kanthi migunakaken panca indra 

3. Ndhuweni ancas ( tujuan ) supaya pamaca kaya-kaya bisa melu ngrungokna, weruh lan ngrasakna apa sing dedeskripsikna dening panulis 

4. Menehi penjelasan ngenani sawijining objek kang dideskripsikna, bisa awjud warna, ukuran sipat lan liya- liyane. 


 Jenis – jenis karangan deskripsi: 

Jenis karangan deskripsi dibagi dadi loro yakuwe deskripsi ekspositori lan deskripsi Impresionatis. 

1. Deskripsi Ekspositori 

 Deskripsi ekspositori minangka karangan sing logis, biasane minangka daftar rincian utawa bab-bab penting sing disusun miturut sistem lan urut-urutan logis objek sing deteliti.

 2. Deskripsi Impresioatis 

 Karangan deskripsi impresionatis minangka karangan kang nggambarna impresi panulise utawa kanggo netralaken pamacane. Deskripsi impresionistis kiye lewug munjeraken marang impresi utawa pamireng bisa nrasakna dhewek utawa nglakokna observasi.

Jumat, 14 Agustus 2020

Pertemuan ke-1 kelas Percepatan (Serat Wedhatama Pupuh Gambuh)

                                                       TEMBANG GAMBUH


Tembang Gambuh – Tembang utawa sekar yaiku rumpakan basa kanthi paugeran tartamtu kang pangucape kudu nggunakake kagunan swara. Mulane ing tembang macapat ana perangan rasaning swara (titilaras) lan rasaning basa (sastra). Ing rasaning swara dikenal anane titilaras slendro lan titilaras pelog. Titilaras slendro iku ana telung pathet, yaiku slendro pathet nem, slendro pathet sanga, lan slendro pathet manyura. Ing titilaras pelog uga ana telung pathet, pelog pathet nem, pelog pathet lima, lan pelog pathet barang. Ing tembang iku rasaning swara winengku ing rasaning basa, tegese nalika nembang kudu ngutamakake basa utawa sastrane. Mula banjur ana pedhotan kendho lan pedhotan kenceng. Pedhotan kendho iku pedhotan kang manggon ing wekasaning tembung lan ora medhot wandaning tembung, dene pedhotan kenceng iku pedhotan kang ora manggon ing wekasaning tembung. Serat kang tinulis kanthi tembang macapat lumrahe dumadi saka pirang-pirang pupuh. Saben pupuh mau dumadi saka pirang-pirang pada. Ing saben pada bisa ditemokake guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu/swara. Arane saben pupuh mau bisa dideleng saka sasmitaning tembang lan paugerane tembang macapat.

Tembang Gambuh yaiku sawijining tembang ing Serat Wedhatama kang ditulis dening   KGPAA Mangkunegara IV Kesultanan Yogyakarta.

 

1. Pengertene tembang Gambuh

Tembang Gambuh anduweni arti tambuh, embuh, gambuh, jumbuh, lan tembung kang awanda mbuh.

 

2. Pathokane tembang Gambuh

Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5

 

3. Watake tembang Gambuh

Watake yaiku kakulawargan/akrab, sumadulur.

  

4. Makna tembang Gambuh

Tembang Gambuh kui ngggambarake watak pawongan kang sansaya diwasa. Tembang iki menehi pitutur marang anak putu, patrap lan pangucap bisa nyawiji tur urip ayem tenterem.

 

5. Tuladha Tembang Gambuh

Pada 1

Samengko ingsun tutur,
Sembah catur supaya lumuntur,
Dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki,
Ing kono lamun tinemu,
Tandha nugrahing Manon.

Artinya

Kelak saya bertutur,
Empat macam sembah supaya dilestarikan,
Antara lain sembah raga, cipta, jiwa, rasa, anakku!
Disanalah akan bertemu,
tandha anugrah Tuhan.

Pada 2

Sembah raga punika,
Pakartine wong amagang laku,
Susucine asarana saking warih,
kang wus lumrah limang wektu,
wantu wataking wawaton
.

Artinya

Sembah raga adalah,
Perbuatan orang yang olah batin,
Menyucikan diri dengan sarana air,
Yan sudah biasa lima waktu,
Sebagai rasa hormat terhadap waktu.

Pada 3

Inguni-uni ersua,
Sinarawung wulang kang sinerung,
lagi iki bangsa kas ngetok-ken anggit,
mintoken kawagnyanipun,
sarengate elok-elok.

Artinya
Pada zaman dahulu,
Belum pernah dikenal ajaran yang penuh tabir,
Baru kali ini ada orang menunjukkan hasil rekaan,
Memamerkan kebiasaannya,
amalannya aneh-aneh.

Rabu, 12 Agustus 2020

Pertemuan ke-2 Kelas 10 (Cerkak)

 


Materi Cerkak (Cerita Cekak)

A.   Pangerten Cerkak

Cerita cekak (cerkak) yaiku sawijining karangan kang nyeritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungso. Crita ing cerkak dumadi andhedhasar saka urutan sawijining kedadean utawa prastawa. Prastawa ing cerkak dilakoni dening paraga, lan paraga kasebut nglakoni rerangkening konflik saengga kedadean, paraga, lan konflik iku kalebu unsur pokok jroning cerkak.

Cerkak kang becik yaiku ceriyane urut lan prasaja, nyeritakake sawijining paraga saka pitepangan nganti pungkasaning crita kanthi kang gampang dimangerteni.

Crita cekak (cerkak) nduweni ciri-ciri kaya ing ngisor iki.

1.      Critane ringkes.

2.      Ana gegayutane karo lelakone manungsa.

3.      Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah (bertengkar; berkelahi; berselisih), lan ngrampungake perkara.

4.      Cacahe tembung kurang saka sewu tembung.

B.     Unsur Intrinsik Cerkak

            Cerkak nduweni unsur sing mbangun crita saka njero crito kasebut. Unsur kasebu diarani unsur intrinsik. Unsur intrinsik kaya ta tema, latar, punjering crita/sudut pandang, alur/plot, penokohan, lan konflik.

1.    Tema

Tema yaiku pokok jroning crita utawa masalah sing utama kang dadi lelandhesan/undhering crita.

2.    Setting/Latar

Setting ngemot wektu, papan/panggonan, lan swasana jroning crita.

3.   Punjering Crita (Sudut Pandang)

Sudut pandang utawa punjering crita yaiku penulis anggone ngetrapake awake naliko nyeritakake. 

Punjering crita kaperang dadi telu yaiku:

a.    Panganggit nggunakake sudut pandang paraga utama lan tembung sesulih wong kapisan, nyritakake apa kang dilakoni penulise.

b. Panganggite nggunakake sudut pandang liyane, dheweke luwih akeh ngamati saka njabaning crita tinimbang sajroning crita. Panganggite biyasane nggunakake tembung sesulih wong katelu.

c.  Panganggite nggunakake sudut pandang impersonal, dheweke sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngreti. Pangangite nyawang paraga nganti sajroning pikiran lan atine. Mula panganggit ing kene bisa nyritakake rahasia batine paraga.

4.      Alur/Plot

Alur utawa plot yaiku lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkasan. Alur kadhapuk kanthi urutan kedadean. Alur kaperang dadi loro yaiku:

   1)  Alur Maju (Progresif) yaiku prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur crita.

     2)   Alur Mundur (Flashback progresif) yaiku kang gegayutan karo prastawa kang lagi dumadi.


        Ana sajroning alur kuwi  mau ana limang jinis kang nyusun alur wacan, yaiku:

     a.     Exposition, yaiku nepungake kahanan, paraga, uga gegayutan antarane paraga siji lan sijine kang diceritakake.

      b.      Complication, yaiku njlentrehake kedadean kang ndekekake sumbering perkara.

      c.       Rising Action, yaiku wimbuhing perkara kang dialami dening paragane.

   d.   Turning Point, yaiku mentokake paraga bisa ngrampungi perkoro apa orane. Paraga iku uga disebut klimak.

   e. Ending, yaiku kabeh perkara kang diadhepi dening para paragane wis bisa dirampungake.

 

5.      Penokohan

Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga. Paraga bisa dimangerteni karakter saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapiturute.

 

6.      Konflik

Konflikyaiku perkara kang dadi punjere crita. Ing perangan iki pancen diketokake perkara kang ndadekake crita iki dadi narik kawigaten.

 


C.    Nemtokake Nilai Lurur Ing Jroning Cerkak

Saliyane unsur intrinsik, cerkak ugo nduweni saperangan babagan kang diarani ‘nilai’ ing njerone nilai kasebut kaperang dadi sanga, yaiku.

1.    Nilai budaya, nilai iki ana gegayutane karo pemikir, pakulinan, lan asil karya cipta.

2.    Nilai sosial, nilai iki ana gegayutane karo tindak-tanduk ing pasrawungan antarane wong siji lan sijine.

3.   Nilai moral, nilai iki ana gegayutane karo tumindak becik lan ala minangka dhasar panguripan manungsa lan masyarakat.

4.   Nilai religius, nilai iki ana gegayutane karo tuntunan agama lan kapitayan.

5.   Nilai pendhidhikan, nilai iki ana gegayutane karo owah-owahan tindak-tanduk ala dadi becik.

6. Nilai estetis/kaendahan, nilai iki ana gegayutane karo bab-bab kang narik kawigaten kaendahan seni utawa nyenengake.

7.      Nilai etika, nilai iki ana gegayutane karo subasita ing bebrayan.

8.      Nilai politis, nilai iki ana gegayutane karo pamerentah.

9.      Nilai kemanusiaan, nilai iki ana gegayutane karo sipat-sipat manungsa.


D.      Gawe Sinopsis Cerkak

Sinopsis cerkak yaiku ringkesane crita saka cerkak. Sinopsis nduweni ciri-ciri kaya ing ngisor iki.

1.      Alur ing sinopsis kucu jumbuh karo crita asline.

2.      Basa kang digunakke jinis persuasif saengga pamaca manut karo kekarepane penulis crita.

3.      Narik kawigaten pamaca.

4.      Anane dredah lan masalah kanthi ringkes.

5.      Gawe gorehe ati pamaca.


Funsgi sinopsi yaiku:

1.      Menehi gegambaran ringkes ngenani urut-urutane lan isine crita.

2.      Ntathet gagasan pokok utawa gagasan kang dianggep wigati.

3.      Nulis ringkesan saka gagasan kang dianggep wigati.

4.      Migunakake ukara kang cetha, gampang dimangerteni, efektif, lan narik kawigaten nalika nulis ringkesan crita.

5.      Kanggo nulis dialog utawa monolog paraga sacukupe wae.

6.      Sinopsik ora entuk nyimpang saka crita asline.


___Maturnuwun...☺____