CRITA RAKYAT
A. Pangertene Crita Rakyat
Crita
Rakyat Yaiku crita
kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya
kolektif (bebarengan) karo masarakat ing papan iku.
Umume,
awujud lelakon cekak kang wose crita munjerake sawijining tokoh. Kedadeyan,
tokoh, lan konflik iku sawijining unsur pokok crita, lan katelune kanthi
nyawiji diarani plot utawa alur. Kanthi mangkono crita iku kudu duwe alur.
Crita
Rakyat (folklore) iku crita saka jaman kuna kang isih urip ing madyaning
bebrayan agung lan diwarisake kanthi lesan. Ing jaman biyen biyasane crita
rakyat di ceritakake ana ing kalodhangan tinamtu dening wong kang nduweni
kabisan tinamtu/khusus, kayata dhalang.
B. Unsure Crita Rakyat
Unsur-unsur crita rakyat kaperang
dadi loro, yaiku:
1.
Unsur
ekstrinsik
yaiku unsure
kang mbangun crita rakyat saka sajabane crita. Kang mangaribawani
(mempengaruhi) dianggite crita rakyat saka unsure ekstrinsik iku antarane:
a. a. Agama
b.
b. Ekonomi
c.
c. Sosial
d.
d. Pendhidikan
e.
e. Budaya
2.
Unsur
intrinsik
yaiku unsure
kang mbagun crita rakyaat saka njero crita. Kang mangaribawani dianggite crita
rakyat saka unsure intrinsike iku antarane:
a.
a. Tema
Tema, yaiku idhe/gagasan baku kang
dadi undherane prakara crita. Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan,
sesrawungan, lan sapanunggalane.
b.
Paraga
Paraga, yaiku pelaku kang mbangun
crita utawa wong kang dicritakake. Paraga ing crita nduweni watak dhewe-dhewe
kanggo mbedakake siji lan liyane. Paraga kaperang dadi 3, yaiku:
1)
Paraga
utama sing uga dijenengi protagonis.
2)
Paraga
mungsuh sing uga dijenengi antagonis.
3)
Paraga
tambahan sing uga dijenengi tritagonis.
c.
Watak
Watak, yaiku tandha-tandha fisik
(dhuwur, lemu, pesek, cendhek, lan sapiturute) lan tandha-tandha nonfisik kang
diduweni paraga (galak, sumeh, grapyak, pinter, bodho, lan sapiturute).
d.
Latar/Setting
Latar utawa setting, yaiku papan,
wektu, lan swasana kedadeyane crita. Papan iki bias ana ing pasar, dalan,
sawah, kantir, lan sapanunggalane. Wondene wektu iku ana awan, sore, bengi,
esuk.
e.
Sudut
Pandang/Point of View
Sudut pandang, yaiku posisine pagript
ing crita utawa carane pangripta nyritakake isine crita. Pangripta bisa dadi
tokoh ing crita kuwi, uga bias dadi pengamat wae ing njaba crita.
f.
Basa
Basa, yaiku gegayutan karo gaya basa
kang digunakake pangripta ing crita.
g.
Alur/Plot
Alur, yaiku urut-urutake kedadeyan
ing crita. Bakune crita saka wiwitan nganti teka pungkasan (pitepungan, dredah,
cara ngrampungake dredah).
Alur kaperang dadi 3, yaiku:
1)
Alur
maju (progresif) yaiku alur kang nyritakake utawa nggambarake kahanan saiki
kanthi sateruse.
2)
Alur
mundur (regresif) yaiku alur sing nggambarake kahanan saiki, diterusake
ngandharake kahanan sing kapungkur.
3)
Alur
campuran
h.
Amanat
Amanat, yaiku piweling utawa piwulang
luhur kang kakaandhut ing sajroning crita, kang arep diwenehake pangripta
marang pamaca.
C. Karekteristik Crita Rakyat
Crita
rakyat yaiku perangan karya sastra lisan kang nduweni karakter kaya ing ngisor
iki.
1.
Anonim,
tegese crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit.
2.
Kolektif,
merga ora kaweruhan sapa sing nganggit crita mau dadi duweke masarakat
bebarengan.
3.
Dicritakake
kanthi lesan.
4.
Sing
nyritakake saka generasi menyang generasi liyane.
Amarga
cirri kasebut crita rakyat gampang owah, sok sapa bias nambahi mula akeh versi
miturut papan utawa panggonan sing nyritakake.
D. Wujude Crita Rakyat
Crita
wujude ana loro yaiku crita fiksi (dongeng) lan crita non fiksi. Crita fiksi
yaiku crita sing ngayawara, direka-reka anane, mula bisa diarani dongeng, yen
dikerata basa ‘dipaido ya keneng’.
1.
Wujude
crita fiksi/dongeng
a.
a. Fabel
Fabel yaiku dongeng kewan sing bisa
wawan gunem kaya manungsa.
Tuladhane : Kancil karo Baya, Singa
Barong karo Tikus, Kancil Nyolong Timun, lan sapanunggalane.
b.
Mite
Mite yaiku dongeng sing ana
sesambungane karo roh, alam gaib.
Tuladhane : Nyi Roro Kidul, Pethite
Nyai Blorong, Thuyul, Gendrowo Kulon Desa, lan sapanunggalane.
c.
Legenda
Legenda yaiku dongeng mula bukane
dumadining panggonan utawa barang.
Tuladhane : Dumadine Rawa Pening,
Tangkuban Prau, lan sapanunggalane.
2. 2.Wujude crita non fiksi
a.
Hikayat
Hikayat yaiku crita bab lelakon
paragane.
Tuladhane : Hikayat Hang Tuah,
Hikayat Gadjah Mada, Hikayat Bahtiar, lan sapanunggalane.
b.
Babad
Babad yaiku crita sing ana bukti
nyatane, nanging uga ditambahi carita sing ngayawara.
Tuladhane : Babad Tanah Jawi. Babad
Mataram, Babad Kartasura, lan sapanunggalane.
c.
Sejarah
Sejarah yaiku crita sing ana bukti
nyatane.
Tuladhane : Sejarah Majapait, Sejarah
Demak, Sejarah Kraton Ngayogyakarta, lan sapanunggalane.
d.
Roman
Roman yaiku crita sing nggambarake
uriping wong wiwit lahir nganti mati. Jinising warna-warna kayata : Roman adat,
Roman sosial, Roman detektif, lan sapanunggalane.
Tuladhane : Sri Kuning, Anteping
Wanita, Anteping Tekad. Kapilut Godhaning Setan, Tresna Abaya Pati.
E. Sinopsis
Sinopsis
crita rakyat yaiku ringkesan crita rakyat. Ringkesan crita rakyat yaiku
nyekakake crita rakyat kanthi tetep ngawigatekake unsure-unsur instrinsik crita
rakyat kasebut. Ancasing sinopsis yaiku menehi gambaran ringkesan ngenani crita
rakyat.
Carane
nggawe sinopsis, yaiku:
a.
Maca
naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum panulis.
b.
Nyathet
gagasan umum kanthi nggarisi ngisor gagasan sing wigati.
c.
Nulis
ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan utama kaya dene sing dicathet sajrone cara
kapindho.
d.
Gunakna
ukara sing padhet, efektif, lan narik kanggo ngrangke alur crita dadi sawijining
karangan cekak kang nggambarake karangan asli.
e.
Dialog
lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae.
f.
Sinopsis
ora antuk nyimpang saka alur crita lan isi saka kaya sing asli.